Tuesday, April 7, 2015

Manungku Puja Purnaning Pawiyatan

Assalamu'alaikum Wr Wb

Nuwun Kula Nuwun

kasugengan tuwin kanugrahaning gusti ingkang murbeng dumadi mugi tansah kajiwa kasalira wonten panjenengan sadaya dalasan kula waradin dhumateng babrayan agung.

kirangipun trapsila punapadhene subasita kepareng para lenggah kasuwun jumeneng sawatawis sumangga...

rama dwija, para kadang siswa pawiyatan sumangga kula nderekaken manungku puja mangestu pada sahandhap pepadhaning gusti ingkang maha welas, maha asih, maha mirah, ingkang sampun tetela paring sih nugraa sadangunipun pawiyatan saged gangsaar tanpa pambeng satunggal punapa.

manungku puja nderek agami tuwin kapitadosan sowang sowang
manungku puja kawiwitan....

purna

nuwun maturnuwun

wassalamu'alaikum wr wb

No comments:

Post a Comment